: Monumen Telu Wanita Pejuang Jepara ing Bunderan Ngabul di deleng saka kadohan
Kabupaten Jepara mujudake salah sawijining dhaerah sing ngurmati marang para leluhure. Salah sawijining wujud mau yakuwi dibangunne monumen telu pejuang wanita ing Bunderan Desa Ngabul kecamatan Tahunan . Saliyane kanggo rasa tresna marang perjuangane para pejuang mau ,panggonan iki uga dikembangake dadi panggonan wisata sing saben dinane nekaake wisatawan lan bisa mbukan lapangan usaja tumrap warga sakiwatengene monument.
Yen dina Minggu utawa libur panggonan iki rame banget ,ora mung wong Jepara wae sing teka ing papan iki.Nanging wong saka njaba Jepara uga mampir mlebu ing monumen iki saperlu foto bareng utawa selfie utawa kumpul kumpule para komunitas .Sakliyane iku uga tuku maneka warna jajanan sing diedol pedagang kaki lima ing sakupunge monumen
Patung telu pahlawan utawa pejuang wanita saka Jepara yaiku siji Patunge Wanita utawa Ratu Shima yaiku Salah Sawijining Ratu Jepara sing mimpin negara Kalingga . Ratu Kalingga mujudake Ratu sing moncer ing mangsa iku amarga mujudake Ratu sing Adil marang sapa wae.Senajan adhine salah diwenehi paukuman sing murwat karo kesalahane. Patung Ratu Shima ing monumen iki katon ngunus keris lan madep menyang Keling salah sawijine kecamatan ing Jepara minangka punjere Kraton Kalingga jaman mbiyen.
Dene Patung sing kapindo yaiku Patunge Ratu Kalinyamat garwane Sultan Hadirin minangka Salah Sawijine Ratu ing kraton Kalinyamatan ing Njepara jaman mbiyen. Ratu Kalinyamat minangka wanita sing kendel lan berjuang marang negarane lan digambarake ing monumen kanthi senjata panah .Tumrape warga Jepara Ratu Kalinyamat mujudake wanita sing setya marang garwane. Sakwuse garwane disedani dening kongkonane Arya Penangsang , Ratu Kalinyamat tapa wuda sinjang raambut ing gunung Donorojo. Patung Ratu Kalinyamat adepe menyang Mantingan salah sawijine desa ing kecamatan Tahunan sing uga papan pesareyane Ratu lan garwe Sultan Hadirin.
Patung katelu yakuwi patunge R.A Kartini salah sawijine Pahlawan wanita ing Indonesia sing dikenal minangka Pahlawan emansipasi wanita. R.A Kartini Putrane Bupati Jepara lahir ing desa Mayong lan disareake ing Rembang. Ing monumen iki RA. Kartini katon nggowo buku nggambarake yen dewekke sregep sinau .
Senajan di sareake ing Rembang nanging perjuangane lan uga tinggalane akeh ing Jepara. Saenggo Pemerintah Jepara ngabadeake jeneng RA Kartini ing maneka warna panggonan ing antarane Rumah Sakit Umum Daerah RA.Kartini, Radio Pemerintah Daerah R.A Kartini lan uga Museum Daerah Jepara RA Kartini. Dene madepe Patung Kartini menyang kutha kecamatan Mayong yaiku panggonan kapendheme ari arine RA Kartini sing ugo dibangun monumen mini.
![]() |
Taman ing njerone monument uga asri yen deleng bisa kanggo selfie
Sakliyane telu patung sing panggonane dhuwur ing sangisore patung ana panggonan kang mirunggan kanggo jejagongan. Panggonan iki bisa kanggo acara patemon komunitas kayata pesepeda,komunitas remaja lan ugo liya liyane. Kadang kalane panggonan iki ugo dipigunaake kanggo papan demontrasi saweneh warga lan uga para muda lan mahasiswa ngritisi marang Pemerintah . Ing sapinggire panggonan amba uga ana kursi kursi dawa bisa kanggo lelungguhan sinambi ndeleng kahanan utawa sesawangan ing sakupenge monument
Mbak Ana (24) warga desa Pecangaan Kulon marang PS ngandharake anane Monumen Telu Wanita Pejuang utawa Pahlawan saka Jepara bisa ngelingake generasi mudha Jepara marang perjuangane para leluhure mbiyen. Salah sawijine sing populer yakuwi R.A. Kartini sing minangka Pahlawan emansipasi wanita sing jenenge moncer ing manca negara utamane negara Walanda. Sakliyane iku ana Ratu Shima lan Ratu Kalinyamat sing ugo minangka pejuang wanita saka kutha ukir .
" Anane Monumen ing Bunderan Desa Ngabul iki bisa ngelingake kita marang perjuangane Ratu Shima ,Ratu Kalinyamat lan uga R.A Kartini dadi yen wayah libur aku kerep ketemu kanca kanca ing panggonan iki . Sakliyane wong Jepara kaya aku lan sakanca akeh ugo warga njaba kutha Jepara sing uga mampir ing monument iki ", ujare Mbak Ana sing karyawati Pabrik Garment.
Pembangunan Monumen Telu Wanita Pejuang utawa Pahlawan Jepara iki wiwitani pro lan kontra antarane Eksekutif lan Legislatif.Nanging sakwise ngliwati rembugan sing alot akhire kabeh nyetujoni anane Monumen iki kanthi anggaran kurang luwih 2,6 M saka APBD kabupaten Jepara.Bunderan Ngabul sing mbiyen wujude air mancur sing kerep macet saiki di Bangun Taman lan ugo Monumen Patung Telu Wanita Pejuang Jepara sing manjila lan ndadeake lalu lintas dadi lancar.Yen wayah bengi monumen iki sansaya endah disawang mergo lampune sing semlorot lan pating kerlip
Sakliyane iku Monumen Bunderan Ngabul iki uga menehi pegaweyan tumrape warga sakkiwitengene sing padha bukak usaha kuliner. Yen wayah sore ana puluhan pedagang kakilima sing bukak dhasarane ing sakkupenge bunderan. Wiwit saka adol bubur kacang ijo,pisang molen,sosis , lan isih akeh maneh liyane.Para pedagang iki nyediyani panganan lan minuman kanggo pengunjung sing mampir mlebu ing monumen bunderan Ngabul iki.
Pembangunan Patung RA Kartini ,Ratu Shima lan Ratu Kalinyamat rampunge bebarengan karo dina ibu tanggal 22 Desember 2016 patang tahun kepungkur . Wektu iki Patung Trijuang (Wanita Pejuang) ing Bunderan Ngabul Jepara dadi icon Jepara khususe semangat wanita wanita milleneal Jepara kanggo majune dhaerah Jepara. Wanita Jepara wektu iki kudu melu nyengkuyung kemajuane dhaerah Jepara kanthi makarya apa wae.
Monumen Trijuang ing Bunderan Ngabul saya suwe saya rame di tekani para warga sing kepingin ndeleng saka cedhak saperlu selfie lan uga lelungguhan ing tengahe monument. Saenggo yen dina Minggu utawa libur warga sing mampir kangelan anggone parkir montor lan uga mobil. Saenggo kanggo ketertiban lan uga keamanan perlu panggonan parkir sing mirunggan. Masalah panggonan parkir iki bisa diatasi pemerintah utawa swasta.
Sakliyane iku para pedagang kali lima sing mremo ing sakiwa tengenne Monumen perlu di tata lan dipanggonake kanthi apik kaya dene ing kutha kutha wisata liyane. Sakliyane panggonane tumata apik uga yen bisa ana seragam khusus saenggo yen dideleng katon manjila saenggo bisa narik marang sing tuku. Dene panganan utawa jajanan sing di edol sakliyane sehat uga regane ora larang saenggo sing tuku ora kabotan.
Tumrape sapa wae sing kepingin mlebu utawa ngungak Monumen Trijuang ing Bunderan Ngabul Jepara iki bisa teka ing desa Ngabul sing uga dikenal dadi pasare who wohan Duren sing pasare ora adoh saka Monumen iki. Sakwise mlaku-mlaku lan selfie ing Monumen iki mulihe bisa ngrasaake woh Duren saka Jepara lan ojo lali uga nggawa oleh oleh Duren Jepara sing legit kanggo wong sing ning omah. ( Fatkh.M )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar