IKLAN MITRA

Jumat, 16 Desember 2022

Warga Kedungkarang Demak Mburu Kepiting tekan luwar Jawa

Bakul Kepiting Ing Pasar Desa Kedungmalang 

Demak - Sakliyane mburu kepiting ing dhaerah Demak lan sakiwatengenne , warga desa Kedungkarang uga kerep dijak “bos” mburu kepiting menyang luwar jawa kayata Kalimantan lan Sumatera. Biyasane para pemburu kepiting iki mangkat rombongan 5-10- wong tumuju dhaerah sing akeh kepithinge yakuwi dhaerah pesisir. Kabeh biaya saka transportasi lan akomodasi ditanggung “bos” dene mbayare mengko dipotong saka asile mburu kepithing.

Ing luwar jawa critane sing mburu , nggolek kepiting gampang banget saenggo saben dinane asile lumayan akeh . Nanging rega kepiting neng luwar jawa luwih murah dibandingake rega kepiting ing pulo Jawa. Sakliyane kualitas rasane sing kalah enak , uga panjaluk utawa pemasarane luwih gampang ing pulo Jawa. Saenggo asile mburu kepiting saka luwar Jawa digawa mulih lan dipasarake menyang pulo Jawa.

 

Haji Nokin ( 65)  salah sawijine warga Kedungkarang sing nate dadi pedagang kepiting saka desa Kedungkarang mratelaake, wiwit mbiyen nganti saiki kepiting mujudake asil tambak lan laut sing digoleki para pengusaha kuliner . Saenggo dewekke tau mburu kepiting tekan pulo Sumatera ngajak warga desa Kedungkarang . Ing kana kepiting isih akeh merga arang sing mburu , saenggo asile lumayan tenan sakrombongan oleh kaya lan dhewekk entuk bathi akeh.

 

“ Ora mung menyang Sumatera ,ana ugo warga desa kene sing mburu kepiting tekan pulo Kalimantan numpak kapal . Mangkate rombongan ana sing modali kanggo transport lan uga mangan ing kana. Asile ya lumayan tenan para pemburu kepiting mau bisa nguripi keluargane saka mburu kepiting “, ujare Haji Nukin sing puluhan tahun dagang kepiting.

 

Dene Mukhlisin ( 45 ) nelayan asal desa Kedungkarang sing sabendinane mburu kepiting menyang segara ngandharake , wiwit mbiyen nganti saiki kepiting ijo mujudake asil laut sing kalebu aji lan digoleki. Saenggo regane paling dhuwur ketimbang rega urang ,  iwak lan kerang.  Ndeleng kahanan iku saben nelayan mesti nduweni piranti  kanggo nyekel kepiting.  Piraanti iku antarane jaring , jebak ,banjur lan uga jebak.


Rega kepiting miturut Mukhlasin ora ajeg gumantung saka pasokan utawa asile nelayan. Yen wayah rame rega radha murah nanging yen ngepasi nelayan sepi rega dadi larang. Nanging manut sing wis kelaku rega kepiting di bagi loro sepisan kepiting ora ngendhog rega sekilone Rp 50 ewu  – 80 ewu sekilone. Dene kepiting sing ngendhog Rp 90 ewu – Rp 120 ewu saben sekilone.  Isine saben sekilone sing super 3-4 lan sing biyasa 5-6 iji , saya gedhe saya larang regane.


Nanging ana emane ing desa Kedungkarang durung ana pasar hasil segara. Saenggo tumrape sapa wae sing kepingin tuku kepiting menyang desa Kedungkarang langsung teka menyang omahe para bakul utawa pedagang kepiting. Wondene Pasar Kepiting sakcedake desa Kedungkarang yaiku pasar iwak esuk desa Kedungmutih kecamatan Wedung lan yen sore ing pasar iwak desa Kedungmalang kecamatan Kedung kabupaten Jepara . Loro desa mau mujudke desa tangga sing uga wargane urip saka ambyur ing segara lan uga dadi petambak.


“ Ing wektu ngarep pancen ana rencana mbangun pasar kepiting lan uga asil segara liyane. Amarga wektu iki wargaku yen adol kepiting utawa iwak,urang , lan kerang menyang pasar iwak desa tangga. Kanthi anane pasar iwak iki wargaku sing arep dodolan iwak ora usah metu saka desa “, ngono kadhane Muhdi  Kades Kedungkarang  ( Pak Muin )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar