IKLAN MITRA

Kamis, 22 Desember 2022

Nggolong Tradisi Panen Iwak Ing Pesisir Demak lan Jepara


Ing pesisir Demak lan Jepara Jawa Tengah ana siji tradisi sing nganti wektu iki isih di uri uri kalestariyane. Tradisi iki magepokan karo panen iwak ing tambak sing saben tahun sepisan di leksanaake. Tradisi panen iwak ing tambak iki kawit mbiyen diarani “nggolong” dene wong wong sing melu nggolek rejeki diarani “jrupo”. Nggolong lan jrupo ora bisa di pisahake amarga yen ana wong nggolong mesti ana wong jrupo.

 
Tambak ing pesisir Jepara lan Demak saben setahun disat lan di panen iwake . Tambak sing wis ora ana banyune mau sateruse digaringake saperlu kanggo gawe uyah. Dene yen wayah rendeng kabeh tambak di lebi banyu saperlu diingoni bibit iwak kayata urang windu , urang vanamie, iwak Bandeng , iwak Mujaher lan iwak nila. Saenggo tambak tambak mau bisa entuk asil loro siji saka ngingoni iwak ing wayah rendeng lan nggawe uyah ing wayah ketiga.

 Solehan (56) petambak saka desa Kedungmutih kecamatan Wedung ngandharake tradisi nggolong utawa panen iwak ing tambak wis ana nalika dewekke isih cilik. Wektu samana dewekke melu jrupo utawa nggolek iwak sak mburine wong wong sing nduweni tugas  nggolong saka wong sing nduweni tambak. Kanthi alat sing jenenge seser lan wadah iwak dewekke tansah melu yen ana wong sing nggolong tambak. Saka jrupo iki dewekke iso entuk dhuwit jajan lan uga bisa kanggo tuku piranti sekolah wektu iku. 

“ Jaman cilikkanku kabeh bocah cilik cilik ing desa yen ana warga sing nggolong mesti melu menyang tambak jrupo. Kadang kadang mbolos sekolah amarga ana tanggaku sing nggolong tambak . Dhuwit saka adol iwak mau kanggo jajan lan uga kanggo tuku klambi anyar wanci badha “, ngono pratelane Solehan marang PS sing ndelok saka cedhak carane nggolong iwak.

 

Slametan Utawa Manaqiban

 Solehan  ngandharake petambak sing arep miwiti nggolong utawa panen tambakbiyasane nggelar acara slametan utawa manaqiban ing tambak sing arep di golong urtawa dipanen. Sing maca manaqib utawa ndongani yaiku pak kyai utawa tokoh agama Islam ing desa. Dene slametane biayane ingkung ayam lan sego janganan. Nalika tambak wiwit disat banyune migunaaake mesin pompa air . Wong wong sing arep nggolong melu slametan utawa ndonga bareng samana uga wing sing jrupo uga melu ndonga ing sakmburine . Rampung ndonga sakteruse mangan bebarengan wujud tanda  syukur lan uga njaluk muga muga anggone nggolong entuk asil akeh.

 Sakwise tambak banyune asat sakteruse wong wong sing nduweni tugas ngolong mudhun miwiti panen iwak utawa nggolong. Yen tambake amba wong sing duweni tugas nggolong utawa nyurung galengan tambak 8-10 wong . Dene yen tambake ciyut biyasane mbutuhake tenaga nggolong 4-5 wong. Tenaga nggolong biyasane dibayar sing nduweni tambak upahe umum tenaga kerja sedina wektu iki Rp 75 ewu – Rp 100 ewu. Tenaga nggolong tugase nyurung galengan lan uga nyekel iwak dileboake wadah .

 “ Tenaga nggolong bayarane kaya tenaga serabutan harian ing pomahan , nanging yen bubar nggolong biyasane ditambahi bonus lawuhan iwak lan urang kanggo sing ana omah. Dene yen sing nggolong entuk rejeki akeh kadang kala isihdiwenehi bonus maneh “, kandhane Solehan sing saben tahun sepisan mesti nggolongake tambake.

 

Tradisi nggolong tambak ing pesisir Demak lan Jepara iki biyasane dileksanaake yen mangsa ketiga teka . Tambak –tambak kabeh digaringake kanggo persiyapan nggawe uyah . Saenggo saben dina ana tambak sing digolong saenggo tumrape wong sing jrupo bab iki dadi rejeki rutin saben setahun sepisan . Kanthi alat seser lan wadah iwak warga sing jrupo saben dinane entuk asil saka adol iwak anggone jrupo.

Jrupo Asile Lumayan

Kangone warga pesisir anane wong nggolong mujudake pametu tumrape wong sing jrupo kanggo mblanjani keluargane saben dinane. Saka jupro iki warga entuk pametu sing lumayan . Apa maneh yen sedina ana warga sing nggolong luwih saka siji lan wektubne beda esuk karo sore. Saenggo saka jrupo iki sedinane warga entuk asil Rp 50 ewu – Rp 75 ewu . Malah ana uga sing entuk asil tekan Rp 80 ewu – Rp 100 ewu sedinane.

“ Aku yen kebeneran ora oleh job nggolong tambak ya melu jrupo , yen wayah ketiga kaya ngene asile ya lumayan tenan amarga sedina paling sitik iso rong panggonan . Sakliyane iku cacahe wong sing jrupo sithik ora kaya mbiyen . Bocah bocah enom do nyambut gawe ana ing pabrik “, kandhane Ali Mahmudi warga desa Kedungmutih sing asring disambat tanggane nggolong tambak lan ugo jrupo ing tambak sing di golong.

Tradisi Nggolong tambak iki miturut Ali Mahmudi wis dadi tradisi sing isih diuri uri anane ing pesisir Demak lan Jepara. Senajan cacahe wong sing jrupo ora akeh koyo mbiyen , nanging ana wae warga sing melu jrupo yen tanggane nggolong tambak. Yen ora ana sing jrupo iwak iwak sing kecer ing sakmburine wong sing ngolong mau ora nduwe manfaat amarga mbalik menyang banyu maneh. Nanging senajan sithik warga sing melu jrupo  nanging tradisi nggolong isih terus lumaku nganti saiki.

 Tumrape wong pesisir Demak  tradisi nggolong btambak iki ora dilaleake ngono wae ,amarga sakliyane ana unsur ngelestareake adat lan budaya utawa kearifan local . Tradisi nggolong tambak iki mujudake rasa tulung tinulung utawa keawtiakawanan social sing wektu iki saya luntur. Yen ana tanggane sing seneng tangga liyane uga ngrasaake rasa senenge. Dene yan ana tangga sing nampa kesusahan tangga liyane melu ngrasaake kesusahane tangga. ( Fatkh.M )


Tidak ada komentar:

Posting Komentar