Mbah Sartini Adol jamu Adon Adon Coro
Salah sijine wedang
tradisional asli Jepara sing wektu iki isih payu lan laris diiederake
ing ndesa ndesa yaiku “Adon Adon Coro”.
Wedang sing diedol anget iki digawe saka jahe ,gula aren,kelapa lan uga rempah
rempah kaya pandan,merica bubuk,kayu manis ,cengkeh lan laos. Wedang adon adon
coro iki akeh khasiyate bisa kanggo obat flu lan uga katisen . Malah ana sing
kandha wedang adon adon coro iki iso nolak corona . Rasane ora pedes lan uga
ora kemanisen , dene wujude wedang radha kenthel saenggo bisa nggawe weteng
sing luwe dadi wareg.
Mbah Sartini ( 65 ) warga desa
Kedungmalang kecamatan Kedung kabupaten Jepara wis limalas tahun luwih ider
wedang adon adon coro. Saben esuk wiwit jam enem esuk dhewekke metu saka omahe
ider nganggo sepeda. Wadahe wedang arupa
genthong cilik saka lemah sing dideleh ing boncekan mburi sepedane. Dene kanggo
njupuk wedang saka genthong dileboake gelas utawa plastic siwure digawa saka pring.
Saben dina Mbah Sartini ider wedang adon adon coro ora mung ing desa
Kedungmalang wae ,nanging ing desa tanggo kaya dene Kedungmutih,Karangaji
,Tedunan lan Kendalasem.
“ Yen di etung aku ider wedang adon adon coro iki
wis lima las tahun luwih. Wiwitane nyoba resep saka ibuku mbiyen sing uga
dodolan mider . Mbiyen ibuku idere mlaku saka kampung siji menyang kampung
liyane . Kadang aku ya melu ngetutake ider Wedang adon adon coro.Ibuku yen
nggawe tak deleng lan uga aku ngrewangi. Dadi nalika nduwe bojo aku sateruse
ider adol wedang adon adon coro kanggo nambahi pametu keluarga “, ngono critane
Mbah Sartini marang JB sing ngendhekake lakune nalika ider wedang adon adon
coro .
Mbah Sartini ngandharake olehe nggawe wedang adon
adon coro watara jam papat esuk . Bahan bahan sing dituku saka pasar sakbubare
ider di racik dadi siji . Sakteruse bahan rupa empon empon mau dideplok ing
lumping saka watu . Sakwise ajur sakteruse dicampur karo banyu panas lan
dicampur karo bahan liyane yaiku tepung beras ben iso kenthel dipanasake ing
saknduwure kompor. Sakwise umub kayu manis lan cengkeh dileboake.
“ Nggawene ora suwe,
yen bahan bahan wis sumadya wedang adon-adon coro iki mung mbutuhake
wektu ora ana sejam. Saenggo yen aku esuk pengin ider wedang adon adon coro iki
aku tangi watara jam papat esuk. Sakteruse jam enem aku metu saka omah ider lan
mulihku tekan omah maneh watara jam sepuluh utawa jam sewelas awan “, kandhane
Mbah Sartini sing isih kanton sehat lan trengginas senajan wis sepuh.
Modal kanggo ider wedang adon adon coro ora akeh dhuwit Rp 100 ewu wis cukup kanggo nggawe wedang sak genthong cilik. Modhale sing radha akeh yakuwi kanggo tuku sepeda onthel kanggo ider njanjah desa. Sepeda sing dienggo ider tukune ora anyar bekase tanggane sing wis dienggo luwih saka sepuluh tahun. Saka ider wedang adon adon coro iki mbah Sartini bisa mbiyantu keluargne saka bathine
saben dinane. Yen ngepasi ramai wedang adon adon carane enthek dhewekke entuk bathi Rp 75-80 ewu ,dene yen ngepasi sepi dewekke iso entuk bathi Rp 40 – 50 ewu.
“ Pancen bathine ora akeh amarga entukku adol saben sak porsi mung Rp 2.000. Nanging
kadang kala ana uga sing tuku luwih saka Rp 2.000,- . Saben ider mesti
daganganku entek terus malah kapara kurang.Senajan ngono aku ora nambahi
daganganku sebab yen nggawe akeh mulihku tambah awan ora bisa nindaake
pegaweyan omah “, ujare Mbah Sartini nambahi.
Miturut Mbah
Sartini usaha ider wedang adon adon coro iki isih prospektif dilakoake sopo wae
sing kepingin entuk tambahan pengasilan kanggo keluargane. Sakliyane modhale
ora akeh , nggawene ora angel uga isih akeh sing nukoni. Angger gelem ider
mubeng ndesa siji menyang desa liyane dagangan akeh entekke. Amarga sakliyane
wong sing sepuh , cah enom , bocah bocah cilik uga seneng marang wedang adon
adon coro iki. Yen kanggo bocah cilik cilik biasane ora diwenehi campuran mrica
bubuk.
Emane sakliyane mbah Sartini ora ana maneh wong sing
ider wedang adon adon coro ing desa Kedungmalang sakkupenge. Saenggo yen
mengkone mbah Sartini wis ora ider wedang adon adon coro maneh embuh sopo sing
nggantini. Kamangka wedang adon adon coro iki wedang tradisonal sing kudu di
uri uri kelestariyane. Ojo nganti mbesukke wedang adon adon coro iki kegiles
wedang modern kayata Teh Thai , Copi Capucino,
macem macem wedang jus lan liyane liyane. (
Pakne Ardans ).
Keterangan gambar :
Adon adon coro a : Mbah Sartini ngedoli wedang Adon
adon coro asli saka Jepara.
Adon adon coro b : Mbah Sartini limalas tahun ider wedang adon adon coro ngangga sepeda onthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar