![]() |
|
1. Kegiatan Sarapan gratis sing di gelar KRJ saben esuk ing base camp
Jepara sakliyane kawentar saka asil ukirane uga mujudake kabupaten toleransi antar umat beragama lan uga kutha sing nduweni komunitas relawan sing dikenal kerep sesambungan karo kabupaten liya ngurusi bab kamanungsan. Salah sawijine komunitas relawan sing kerep mbiyantu sak padhane yakuwi KRJ ( Komunitas Relawan Jepara ) sing nduweni Base Camp ing dalan H Sidik Harun No. 9 Kelurahan Ujungbatu RT. 07 RW. 02 Kecamatan Kota Kabupaten Jepara.
Nalika pandemi Covid 19 lagi rame ramene KRJ banget mbiyantu warga sing ketaman virus corona . Anggotane saben dina mbiyantu warga lan uga tim kesehatan pemerintah Daerah Jepara wiwit saka nyediyani ambulance ,nyediyani oksigen medis ,nyilihi tabung lan selang oksigen, lan uga pitulungan liyane kayata mbiyantu ngeterke jenazah saka rumah sakit tekan ngomah lan uga pemakaman gabung karo tim pemakaman saka BPBD Jepara.
“ Kanca kanca pancen wis tekad lan niyat dadi relawan saenggo opo wae sing ana sambung rapete karo kegiatan sosial lan kamanungsan kabeh di tindaki . Alhamdulillah kabeh kanca-kanca kompak lan padha sakbiyantu yen ana wong sing mbutuhake pitulungan”, ujare Alba Muhammad Muhid Koordinator Komunitas Relawan Jepara marang Primbone wong Jowo .
![]() |
Base Cam KRJ ing dalan H Sidik Harun No. 9 Kelurahan Ujungbatu RT. 07 RW. 02 Kecamatan Kota Kabupaten Jepara.
Alba sing uga kader Banser ngandharake , ngadekke Komunitas Relawan Jepara awite ya ora sengaja nalikane ana musibah kayata musibah banjir ana wong ilang , omah do rusak kanca kancane padha sakbiyantu . Saka jejagongan mau akhire mufakat ngedekake Komunitas Relawan Jepara sing disingkat KRJ. Saya suwe anggotane saya keh saenggo kanggo kumpul kumpul rutin omahe sing ana pinggir dalan kanggo panggonan ketemune relawan utawa base camp.
“Sakwise ana base camp kanca kanca tambah semangat anggone dadi relawan saenggo kegiyatane wiwite mung menehi pitulungan gaegayutan karo bencana alam saiki dadi maneka warna kegiatan. Saka nyediyani sarapan gratis nganti tekan antar jemput mayit lan uga pemakaman “, kandhane Alba.
Miturut Alba wektu iki ana 13 kegiatan sing ditindaake kanca kanca KRJ 1.Stay Ambulance 24 jam nglayani pasien njero kutha lan njaba kutha.,2.Layanan darurat ,PPPK lan BHD.,3.Nyediyani Oksigen Medis, nyilihi tabung dan selang oksigen. 4.Pelayanan Nabulizer, kanggo penanganan sesak nafas dan liyane .5.Penanganan Lansia terlantar.,6.Bedah rumah tidak layak huni.7.Santunan sosial dzuafa .8.Penanganan Bencana Alam.9.Penanganan Kebakaran.10.Penanganan Disabilitas.11.Penanganan PGOT.12.Pendampingan Sosial.13.Nyediyani mangan esuk gratis saben kanggo warga masyarakat sakiwa tengenne Basecamp Ujung Batu.
Sarapan Gratis Kanggo Anggota Lan Duafa
Salah sawijining kegiyatane KRJ sing wektu iki banget mbiyantu para anggota lan uga kaum duafa ing sakiwatengene base camp yaiku anane sarapan gratis . Saben subuh ing base camp sing uga minangka dapur umum kaya nalika ana bancana wis kasediyaake arupa sega sak lawuhe kanggo sarapan esuk. Sapa wae iso mampir sarapan utamane para anggota sing ngepam lan uga kaum duafa sakiwa tengene kayata para penyapu dalan , sopir angkot lan uga tukang becak .
Saben dinane KRJ nggawe sarapan kurang luwih 50 -70 porsi sing menu lawuh lan sayure gonta ganti . Menu sayur lan lawuh sing disugatake kaya uraban lawuhe lele ,tempe lan gesek. Dina liyane sayure oseng-oseng sawi putih dene lawuhe gimbal urang,tempe goreng lan kerupuk. Dina liyane maneh sayure kunci bayem dene lawuhe iwak laut goreng,sambel pecel ,tempe penyet ora ketinggalan kerupuk.Ana uga menu sayur oseng-oseng kerang lan lawuhe mie keriting lan kerupuke ora ketinggalan.
![]() |
1. Alba Muhammad Muhid Koordonator KRJ menehi bantuan /santunan marang lansia
“ Sarapan ing base camp KRJ menune gonta ganti saben dinane sing tukang masakke uga gonta ganti gumantung anggota sing nganggur . Menu sing gonta ganti mau supaya sing sarapan ora bosen . Sakliyane iku uga manfaatake donasi saka kanca kanca arupa barang mentah kayata bumbu pawon,iwak lan uga sayur sayuran”, ngono kandhane Alba.
Sakteruse kancane kerjo ngubungi KRJ liwat HP lan ngabarake yen ana kecelakaan kerja lan butuh pitulung. Ora let suwe ambulance teka sak perlu nulungi dewekke lan ngeterake marang tukang sangkal putung. Sakwise dipijet lan digenahe kondisi awakke sakteruse dewkke diterake mulih menyang omahe tanpa metu biaya alias gratis. Saenggo iso ngenthengake beben keluargane sing entuk musibah .
“ Alhamdulillah senajan aku warga Demak ning KRJ tetep nulung aku ngeterake menyang omahku . Dadi keluargaku wis ora repot njemput aku menyang Jepara. Muga muga amal apike kanca kanca KRJ dibales dening sing maha kuasa “, ujare Munasikhin marang PS sing nemoni ing omahe sakwise diterke ambulance KRJ. (Fatkh.M)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar