![]() |
Desa Mutih kecamatan kecamatan Wedung kabupaten Demak ing pahargyan HUT Kemerdekaan RI Kaping 77 ana sing beda . Desa iki melu lomba Keindahan Kampung tingkat kabupaten Demak. Saenggo kampung sing sadurunge kumuh ora dirawat rong wulan sakdurunge mlebu sasi Agustus wis mulai ditata . Dalan dalan , got utawa saluran banyu lan uga latare warga di tata lan dicet maneka warna.
Wektu iki kampung sing manggon RT 02 RW 03 lan RT 03 RW 03 di sulap dadi kampung sing resep di deleng kanthi cat maneka warna kaya dene pelangi saenggo warga menehi jeneng anyar yakuwi kampung “Sarwo Pelangi”.
Ora mung dalan sing di cet maneka warna nanging dadah ngarepan omah , tembok omahe warga , wesi tutup saluran banyu lan uga tanah kosong ditata dadi taman. Mlebu kampung Sarwo Pelangi ing desa Mutih wetan kaya mlebu ing obyek wisata sing adhem lan ijo royo royo pemandangane. Amarga sadawaning dalan warga nata pot pot sing isine tanduran ijo lan uga kembang maneka rupa.
Saliyane iku werna cet omahe warga sing maneka warna uga ndadeake mripat sing nyawang ora bosen . Sakliyane dalan lan omahe warga di tata lan di cet ben nyenengake sing nyawang fasilitas umum warga kayata Lapangan Bad Minton lan Voley uga ditata lan di cet saenggo katon endah lan disawang . Sakliyane iku warga uga nggawe taman ing satengahe kampung saenggo bisa kanggo jejagongane warga saben esuk utawa saben sore.kabeh mau asil gotong royonge warga sing di fasilitasi dening pemerintahan desa Mutih Wetan.
Siska Kurniawan (36) Perangkat Desa Mutih Wetan kecamatan Wedung kabupaten Demak marang PS ngandharake, anane Kampung Sarwo Pelangi ing desane mujudake asil gotong royonge warga sing di koordinatori dening pemerintah desa Mutih Wetan. Setahun sepisan Pemerintah Kabupataen Demak ngadhani Lomba Kampung Juara sing hadiah juara siji tekan Rp 200 Juta. Modhale Rasa Gotong Royonge Warga
“ Sakwise nganaake rapat ing bale desa sakteruse desa nunjuk lingkungan RT sing wargane iso dijak gotong royong resik resik kampung lan uga nata kampung kanggo melu lomba LKJ 2022. Akhire lingkungan RT 02 RW 03 lan uga RT 03 RW 03 makili desa melu lomba LKJ . Dadi natane lingkungan iki wis ana rong sasi kepungkur “, ujare Siska sing omahe mlebu ing Kampung Sarwo Pelangi desa Mutih Wetan.
Kandhane Siska , kanggo nyiapake Lomba kampung Juara se kabupaten Demak tahun 2022 iki warga metu rasa gotong royonge. Sakliyane tenaga warga ana uga sing ngetoake wragad umpamane ngecat tempok omahe , nata dadah pager omah lan uga ngecet dalan ngerep omahe dhewe dhewe. Ora mung iku warga uga bebarengan resik resik grumbulan lan uga tanah bero kanggo taman taman sing ditanduri maneka tanduran sing cepet uwoh.
“ Latar omah lan pekarangane warga uga dimanfaatake kanggo lahan ijo dadi taman-taman sing endah disawang . Ana tanduran lombok ,terong lan uga waluh sing wektu iki wis bisa di panen. Dadi istimewane Kampung Sarwo Pelangi ana taman taman ing pekarangane warga sing iso ngasilake pametu tumrape warga “, Ujare Siska Maneh.
Muga Muga Dadi Juara Siji Pak Nuryadi warga RT 03 RW 03 desa Mutih Wetan marang PS kandha, anane Lomba Kampung Juara iki nguripake gregete warga desa nata lingkungane dhewe dhewe. Sakdurunge ana lomba resik resik mung sak njerone omah wae lingkungan njaba ora di gateake. Sakliyane iku warga mbuwak sampah uga sak kepenake dhewe.
Nanging sakwise kampunge katon resik lan edi eman eman ye rusoh merga sampah. Sakliyane iku latar lan pekarangane warga sing wiwitane nganggur saiki wis ana ijo-ijone . Sajliyane resep yen di deleng uga iso ngasilake lombok , terong lan uga waluh. Lombok yen akeh iso di dol menyang pasar samana uga terong lan uga waluh. Yen ora didol bisa diwenehi tangga teparone. Taman taman ing ngarep omah yen wayah esuk lan sore bisa kanggo jejagongan.
![]() |
“ Kanggo nggawe taman iki ya pancen nganggo tenaga lan wragad. Ning yen wis ana asile kaya ngene iki warga semangat anggone ngrumat taman taman ing sangareping omah. Muga muga Kampung Sarwo Pelangi ing desa Mutuh Wetan entuk Juara 1 , Yen ora siji ya juara 2 utawa 3 sing penting entuk hadiah kanggo penyemangate warga “, panjaluke Pak Nuryadi nalika jejagongan ing Taman Toga Sarwo Pelangi desa Mutih Wetan.
18 Kampung Melu LKJ Demak 2022 Miturut Kabid Kawasan Permukiman Dinas Perumahan dan Permukiman (Dinperkim) kabupataen Demak Nurul Prasetyani,ST,MSi ana 18 kampung sing melu Lomba Kampung Juara (LKJ) tingkat kabupataen Demak tahun 2022. Kegiatan Lomba LKJ mujudake kegiatan tahunan Pokja Perumahan dan Kawasan Permukiman.
“ Kegiatan iki rutin di gelar setahun sepisan lan puncak kegiatane ing sasi Agustus bebarengan karo HUT RI ben iso saling terkait. Tim yuri wis muter muter ing 18 kampung sing melu LKJ tahun iki. Kampung sing melu lomba kabeh apik apik lan uga meriah kahannane. Tahun iki tahun sing paling abot kanggone yuri milih kampung endi Juarane “, ujare Nurul.
Nurul ngandharake senajan abot Tim Yuri kudu milih endi kampung sing dadi juara amarga ing pengetan HUT Kemerdekaan kaping 77 juara juara LKJ diumumake lan uga penyerahan hadiah . Mula sakdurunge tanggal 17 Agustus Tim Yuri kudu wis ngumumake marang public desa desa endi sing kasik dadu juara LKJ tahun 2022. ( Fatkh. M)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar