IKLAN MITRA

Minggu, 18 Desember 2022

Goweser Jepara Nyepeda Bareng Menyang Pesareyane RA Kartini Ing Rembang

Tekan sangarepe pesareyan RA Kartini GTN Jepara foto Bareng
                

Numpak sepeda ,ngepit  utawa ngonthel wektu iki dadi salah sawjining hobi utawa kesenengan sing ora bisa ditinggal ngono wae. Sak liyane ngepit ing sakiwa tengenne panggonanane dhewe ana uga nggoweser sing nyepeda rombongan tekan luar kutho sing adohe puluhan utawa atusan kilometer adohe. Biyasane sing dadi jujugane yakuwi papan pariwisata , pasujarahan utawa pesareyane tokoh kawentar.

Ing Jepara ana puluhan komunitas nggoweser salah sawijine yakuwi GTN ( Goweser Tanpa Nama) sing di koordinatori Santoso warga desa Wanusobo kecamatan Kedung sing ugo pegawe Kantor Kecamatan Kedung. Nyepeda utawa ngonthel kanggone Santoso mujudake hobi sing kasil nyita wektu selamne nalika ora ngantor. Kena diarani yen ora ngantor dewekke mesti nggowes metu saka ngomah. Ora esuk , awan utawa sore lan uga wayah wengi dewekke mlaku mlaku  njumpak sepeda.

“ Mbuh kapan wiwitane aku seneng numpak sepeda , nek ora salah ya wiwitane ana corona . Wektu iku akeh wektu selo ning ngomah ora ana kegiyatan . Njagong ora oleh , kumpul kumpul ora oleh akhire ya metu saka ngomah nyepeda. Wiwitane dhewekan sakteruse ketemu kanca ing dalan saya siwe saka akeh lan dadi komunitas “, ngono pratelane Santoso marang PS

Santoso ngandharake sak durunge ana pandemic covid 19 dewekke pancen wis nduweni kesenengan nggowes. Nanging anggone nggowes mung sakupenge desane dhewe lan uga sakupenge kutha Jepara . Nanging sakwise kumpul kumpul karo kanca kancane sing nduweni hobi padha . Ora mung desa desa ing Jepara sing di jajah , nanging dewekke sakanca kerep turing luar kota kayata nggowes banreng menyang Semarang , Kudus , Pati lan Kendal sing adohe atusan kilo.

Nggowes lan Ziarah Menyang Kutha Rembang

Dene ing tanggal 23 Mei 2021 dina Minggu Komunitas Goweser Tanpa Nama saka Jepara nggowes bareng menyang kutha Rembang sing adohe luwih 100 Km . Rencana nggowes ing tanggal 21 April 2021 nanging bebarengan karo sasi poso rencana mau diundur sesasi sakwise. Kaya sing uwis uwis yen nggowes bareng kumpule ing desa Margoyoso kalinyamatan. Amarga anggotane omahe nyebar saenggo perlu kumpul bareng dhisik.

“ GTN nggowes bareng menyang Rembang mulai start saka titik kumpul ing sangarepe Warung Bebek Goreng Slamet Margoyoso Kalinyamatan. Kurang luwih jam 8 rombongan mangkat bareng tumuju Kudus , Sakteruse Pati lan Rembang . Anggota sing melu nggowes go to Rembang cacahe 11 goweser “, critane Santoso.


 

Goweser cacah 11 kuwi maneka warna profesine ana sing ASN kaya dewekke ,ana sing karyawan swasta , Perangkat desa lan uga pedagang. Senajan profesine macem macem nanging nduweni hobi utawa kesenengan sing padha. Saenggo ing sadalan dalan tumuju Rembang goweser mau pada gegojekan . Yen ana sing rumagsa kesel biyasane leren dhisik ing Mesjid , POM Bensin utawa panggonan sing eyub.

“ Sak wise nggowes kurang luwih 5 jam GTN Jepara kasil tekan Makame RA Kartini ing Bulu Rembang sing adohe isih udakara 20 Km saka alon-alon Rembang. Rombongan sakteruse ziarah ing Makame RA Kartini salah sawjiining  pahlawan emansipasi sing dadi tokoh inspirasi ing Jepara sing dina lhire 21 April dipengeti Dina Kartni “, ujare Santoso.

Hobi Nggowes Ora Larang

Miturut Santoso hobi nggowes iku ora larang lan gampang ,angger nduwe sepeda bisa nggabung marang komunitas nggowes lan bisa nggowes bareng. Saenggo sing nduweni sepedha jinis opo wae bisa nggabung marang komunitas GTN ( Gowes Tanpa Nama ) Jepara. Yen dina dina ora libur biyasane nggowes mlipir sakkupenge Jepara. Yen dietung sedina nggowes mung 20 km yaiku nyambangi desa desa sing ora tau dilewati. Ziarah ing makam makam keramat lan uga nyambangi papan wisata ing desa desa.

Dene yen ana dina libur utawa tanggal abang bisayane nggowe luar kota sing adohe luwih 50 km saka kutha Jepara . Umpamane GTN nate sambang ing Pati Ziarah ing makam keramat kayata Pesareyane Saridin , Pesareyane Sunan Prawoto . Nggowes menyang Demak ziarah ing Makame Sunan Kalijaga lan Raden patah Demak , Pesareyane Syeh Mudzakir Sayung. Dene ngowes menyang Semarang yakuwi ziarah Makam mbah Soleh Darat Bergota , lan uga nyambangi obyek wisata ing Semarang kayata Lawang Sewu , Tugu Muda , Kawasan Kota lama Semarang.

“ Kanggoke nggowes utawa nyepeda mujudake kegiyatan sing nyenengake piknik lan ziarah kanthi ragad ora larang lan nyehatake awak . Sakliyane iku kanthi nggowes bisa nambahi kanca lan tetepungan ing sakdalan dalan “, ujare Santoso .


 

Ing Jepara manut Santoso olah raga nggowes mujudake olah raga sing akeh pandemene . Saben desa utawa kampung ana komunitas nggoweser .Sakdurunge ana covid 19 ora akeh warga Jepara sing nduweni kegiayatan olah raga nggowes utawa nyepeda. Nanging sak wise covid 19 teka akeh warga sing mutusake pit pitan kanggo ngisi wektu sela lan njaga kasarasane awak. Saben dina tansah ana warga sing njajah desa nganggo sepeda.

Bab kuwi nggawe senenge para bakul sepeda onthel ing toko toko lan pasar pasar. Rega sepeda dadi mumpul amarga wong akeh sing mbutuhake. Sakliyane iku sepeda opo wae payu amarga wong bamget mbutuhake, Saenggo ana sepeda rakitan saka sepeda mini sing akhire di wenehi jeneng sepeda minion. Amarga toko toko sepeda lan bakul sepeda ing pasar kentekan stok akeh uga warga sing kudu inden uatawa pesen dhisik supaya entuk sepeda anya.

“ Senajan ora koyo kawitane covid 19 teka kae nanging pandemen olah raga sepeda isih akeh kaya aku dhewe wis bisa ngrasaake manfaate olah raga nggowes utawa nyepeda. Sakliyane bisa njaga kebugaran awak uga bisa nambahi kenalan utawa kekancan . Saaiki aku nduwe kanca ing ngendi ngendi panggonan amarga asring nggowes “, kandhane Santoso yen pas wayah libur mesti nggowes nutup wawan rembug karo PS .(Fatkh.M)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar