Desa Kendalasem kecamatan Wedung kabupaten Demak
wiwit mbiyen mujudake desa pengasil uyah . Wargane sing ambyur ing pakaryan
nggawe uyah cacahe atusan wong. Dene ambane tambak uyah ana atusan hektar. Anane warga sing nggawe uyah wiwit tahun 1970
an sakdurunge iku warga kabeh nandhur pari
ing sawah. Sakteruse ana sebagian sawah sing dialih fungsikan dadi tambak
kanggo nggingu iwak lan uga nggawe uyah.
Sawah
sing digawe uyah saya suwe saya tambah amba amarga prosepeke nandhur pari lan
nggawe uyah luwih nguntungake yen sawahe digawe tambak. Nggarap sawah saliyane modhale gedhe uga
pangrumate uga angel saenggo saben tahunne durung mesti entuk asil utawa bathi.
Nanging yen nggawe uyah bisa ditemtoake akeh bathine lan uga modhale ora akeh
yen dibandhingake karo yen nggarap sawah.
“
Mbiyen warga kene sing nggarap sawah kanggo nandhur pari luwih akeh tinimbang
sing nggarap tambak. Nek wektu iki akeh sing nggarap tambak utamane nggawe uyah
lan uga ngingone iwak yen wayah rendheng . Sanggo wektu iki desa Kendalasem
mujudake desa sentrane industry garam rakyat ing kabupaten Demak “, ujare
Shomad warga desa Kendalasem.
Yen
wayah ketiga warga desa Kendalasem padha seneng atine amarga tambake uyahe bisa
di panen. Saka sil panen uyah mau warga bisa nyukupi urip saben dinane .
Sakliyane iku saka asil uyah iki do iso nyekolahake anak-anake tekan perguruan
tinggi. Yen ngepasi rega uyah larang akeh petambak uyah sing padha ndandhani
omahe , tuku kendharaan roda loro malah ana sing isi tuku kendaraan rodha
papat.
Terminal Uyah Ing
Pinggir Kali
Uyah saka tambak
sing adoh saka dalan gedhe yen wayah panen saben dina diangkut menyang
terminal uyah yakuwi panggonan khusus kanggo ngedhunake uyah saka tambak.
Sakwise uyah mau kumpul akeh ing terminal uyah mau sakteruse diangkut nganggo
Truk Truk gedhe di gawa menyang njaba kutha Demak. Uyah saka desa Kendalasem
iki sing akeh digawa menyang pulo Sumatera
kayata Lampung, Bengkulu , Medan lan ana sing nganti tekan Aceh.
Saka
tambak menyang terminal uyah mau ora bisa diangkut nganggo sepeda motor utawa
kendharaan roda papat amarga ora ana akses dalan. Saka tambak menyang terminal
uyah mau diangkut ngganggo perahu liwat perahu sing diobahake nganggo mesin.
Sanggo ing desa Kendalasem ana warga sing nyambut gawene ngangkut uyah saka
tengahe tambak tumuju menyang terminal uyah.
Somad
ngandharake warga desa Kendalasem sing ambyur ing pakaryan ngangkut uyah ini
meh ana satusan wong. Kanthi modal perahu mesin lan tenaga saben dinane entuk
asil sing iso kanggo nguripi keluargane. Asile para warga sing nyambut gawe dadi buruh
angkut uyah nganggo perahu lumayan banget yen wiwit panen raya. Saben dinane
paling sithik entuk Rp 150 ewu dene yen
pas ngepasi uyah sing diangkut akeh sedina ora ucul Rp 300 ewu.
Yen dietung warga kene sing ambyur dadi tenaga angkut uyah ana satusan wong.
Dene bayarane rit ritan sak rite wektu iki Rp 150 ewu sing ngawa uyah 50 zak.
Saka tengahe tambak tenaga angkut mau njunjungi uyah mlebu perahu, sakwise uyah
sing diwadahi zak mau mlebu perahu sakteruse digawa menyang terminal garam
nganggo perahu. Sakwise tekan terminal uyah mau didhunake saka perahu di tata
ing terminal “, ngono kandhane Shomad sing uga nduweni pakaryan dadi petambak
uyah.
Angkutan
uyah ing desa Kendalasem sing ngandhalake perahu mbutuhake kali sing jero ben
lumakune perahu lancar . Nanging wektu iki kali sing diliwati perahu akeh sing
cethek amarga akeh lumpure. Para tenaga angkut njaluk marang pemerintah khususe
pemerintah kabupataen Demak nganaake normalisasi kali kali sing ana satengahing
tambak uyah. Cara ne kali mau dikeruk nganggo bego lumpure kali diunggahake
manyang sisih kiwa tengenne kali.
“
Wis suwe ora ana kegiyatan normalisasi kali ing desa Kendalasem iki . saenggo
yen wayah kaline surut perahu perahu mau kangelan liwat merga lumpur kali
ngalangi mlakune perahu. Kahanan iki ndadeake wektu angkute tambah suwe lan uga
tenaga sing metu luwih akeh. Biyasane isi ambal pindho merga kaline cethek mung
bisa liwat sepisan wae . Dadine ngurangi pengasilane tenaga angkut garam “,
kandhane Shomad wae.
Rehap Terminal Uyah
Sakliyane
kali sing cethek kahanane bangunan
terminal uyah uga mrihatinake . Rata rata bangunan terminal uyah sing
nggawe para bakul utawa pedagang uyah
ing kono. Wektu iki bangunan terminal
uyah saka pring lan payone saka kentheng lan asbes. Dene jogane sing kanggo
panggonan mudhune uyah isih lemah utawa ditelasari plastic amba. Sanggo yen
dideleng katon prasaja. Panggonan senggrokan perahu ya isih wujud lemah .
Ndeleng
kahanan iku para bakul uyah lan uga tenaga angkut uyah nduweni pepinginan yen
terminal uyah ing desa Kendalasem di bangun sing apik . Sakliyane di deleng
nyenengake uga bisa nambahi kelancarane kegiyatan bongkar muat uyah ing
terminal uyah. Bangunan saka pring diganti bangunan nganggo saka beton sing
gedhe . Dene lantai utawa jogane terminal garam di cor utawa di keramik ben
uyah sing dibongkar muat resik .
Pinggir kali kanggo bongkar muat uyah sing wektu iki isih wujud lemah . Yen iso
di wenehi talud saka pasangan watu utawa beton. Sakwise ana talute terus
diwenehi ban ban mobil bekas kanggo sandarane perahu . Perahu sing sandar ing
terminal garam aman lan nyaman nalika ngedhunake uyah “, panjalukke Shomad. (
Fatkh.M)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar