Desa Kedungmalang kecamatan Kedung kabupataen Jepara minangka desa pesisir . Wargane urip saka segara dadi nelayan lan saben ndina njegur segara ngupaya iwak. Sakliyane iku akeh uga warga sing mbukak usaha ngasinake iwak .Saenggo wektu iki desa Kedungmalang minangka salah sawijining desa pemasok iwak asin ing kabupaten Jepara.
Iwak asin saka desa Kedungmalang saben dinane disetorake manyang pasar pasar tradisional saindenging Jepara ,Kudus lan uga Demak. Sakliyane ngolah iwak asile para nelayan ing desa Kedungmalang dhewe . Para pengusaha iwak asin uga kulakan iwak seger saka desa liyane , kayata saka Pasar iwak desa Kedungmutih ,Panggung lan uga TPI Jobokutho Jepara.
Salah sawijining pengusaha iwak asin saka desa Kedungmalang yaiku Mbah Sarbonah (60) warga desa Kedungmalang RT 02 RW 02 kecamatan Kedung kabupaten Jepara. Dewekke mbukak usaha p[engolahan iwak asin iki wis ana patangpuluh tahun. Nalika iku dewekke isih prawan lan ngolah iwak saka asile wong tuwane lan tangga kiwa tengenne.
“ Yen dietung yaw is luwih saka patang puluh tahun olehku mbukak usaha nggawe iwak asin iki. Wiwitane yo nyoba nggawe sithik sakteruse dipasare saya suwe bakul sing njaluk saya akeh dadine panggona usaha diambaake lan kulakan iwak ditambahi “, ngono pratelane Mbah Sarbonah Marang PS sing sanja ing gudhang pertengahan wulan Desember iki.
Mangsa patang puluh tahun nglakoni usaha nggawe iwak asin iki pancen akeh maneka alangan . Nanging mergo tekun sabar lan tlaten usahane tetep mlaku enggo tekan dina iki. Sakliyane dilakoni dhewe anggone ngolah iwak ibu Sarbonah nduweni karyawan sing dibayar kanthi borongan. Karyawan iki ibu ibu saka tangga kiwa tengenne sing nganggur ora nduwe pagaweyan ing ngomah . Karyawan iki bageyan iris iris lan uga mepe iwak.
“ Sakliyane tak lakoni dhewe aku uga dikancani karyawan telu saben dinane . Nanging yen ngepasi iwak akeh utawa segarane rame aku tambah kanca maneh tekan sepuluh wong sing ngiwangi ngolah iawak asin “, kandhane Mbah Sarbonah.
Mbah Sarbanonah ngandharake , anane usaha pengolahan iwak asin ing desa Kedungmalang iki uga mbiyantu marang para nelayan. Amarga nalika nelayan oleh asil akeh yen ora ana sing mbukak usaha pengolahan iwak regane dadi mudhun akehutawa murah. Nanging sakwise warga mbukak usaha pengolahan iwak piro wae asile nelayan bisa ditampung kanggoi iwak asin.
Iwak Asin Lan Blenyik utawa Tempong
Maneka iwak asin diolah dening mbah Sarbonah wiwit iwak kembung , kuro , kelapan , layur , payus , teri lan isih akeh maneh liyane. Sakliyane iku uga nggawe tempong utawa blenyik yaiku iwak teri sing dikepel cilik cilik sing gedhene rong setin. Blenyik utawa tempong iki yen wayah rendeng laris banget. Mergo pengolahanne gampang banget blenyik utawa tempong iki mung dikukusake ing nduwure sego ubarampene lombok,bawang diiris iris lan wenehi minyak goreng.
Samana uga iwak asin larise yo ing wayah rendeng nalika segara ombak lan nelayan ora bisa njegur segara . Kanggo nyukupi kabutuhan lawuh sakteruse iwak asin ditokkake ing pasar pasar tradisional . Utamane wong dhaerah pegunungan sing adoh saka segara iwak asin minangka alternative lawuh segara saliyane danging sapi ,daging ayam ,daging kebo tahu lan tempe. Yen ngonsumsi daging saben dinane bosen kala kala ya mangan lawuh iwak asin.
“ Panjaluke pasar ing produk iwak asin iki ora ana sepine . Saenggo yen ana iwak terus tak molah dadi iwak asin, Yen ora payu dak simpen sakwatara ing gudhang. Nalika wayah rendeng mesti payune . Bakul bakul iwak ing pasar tradisional nggoleki iwak asin lan blenyik “, ujare Mbah Sarbonah maneh .
Miturut Mbah Sarbonah, saiki sakliyane dewekke ana puluhan warga desane sing uga mbukak usaha usaha nggawe iwak asin . Saenggo desa Kedungmalang saiki mujudake sentrane usaha pengolahan iwak asin. Ibu ibu sing mbiyenne ora nduwe kegiatan ing ngomah wektu iki entuk pengasilan tambahan saka usaha nggawe iwak asin. Yen wayah panas lan asil iwak sehara akeh sak dalan dalan warga mepe iwak .
Ning yakuwi merga durung ana papan kanggo mepe sing mirunggan . Warga sing mepe iwak ing dalan lan saweneh panggonan ngganggu lalu lintas lan uga ambune kurang sedep. Kanggo ngawekani mau Ibu Sarbonah sakanca usul marang pemerintah digaweake papan kanggo mepe iwak sing diasinke. Saenggo warga ora mepe ing sapinggiring dalan maneh. Sakliyane iku yen para bakul utawa wong sing kepengin tuku iwak asin panggonane dadi siji.
“ Panjalukke marang pemerintah mbok digaweake papan khusus kanggo kegiayatan pengolahan iwak asin iki. Saenggo aku sakanco sing nduweni usaha nggawe iwak asin iki bisa nyawiji dadi siji lan ora ngganggu lingkungan utamane lalu lintas merga akeh akehe warga nggawe pemeyan iwak ing pinggire dalan gedhe “,ngono panjaluke Mbah Sarbonah.
Mbah Sarbonah ngandharake , nduweni usaha nggawe iwak asin iki kudu tekun lan telaten. Wiwit tuku iwak ing pasar terus diresiki diuyahi lan uga di wenehi uyah . Sakteruse dipepe sing bener bener garing ben kualitase apik. Merga yen kualitase apik dimasak dadi enak rasane . Kanggo njaga kualitas senajan ana karyawan sing mbiyantu , dewekke tetep ngawasi ben asile ora gawe gelane konsumen sing tuku iwaak asin saka dewekke
“ Alhamdulillah saka usaha nggawe iwak asin iki aku bisa Umroh neng tanah suci , nyekolahake anak , ngomah omahake anak lan isih akah maneh liyane. Pokoke yen kepingin usahane lancar resepe kudu tekun laan tenanan lan aja bosenan “, kandhane Mbah Sarbonah maneh.
Zaropi perangkat desa Kedungmalang kecamatan Kedung marang PS ngandharake , usaha pengolahan iwak seger dadi iwak asin iki pancen wis ana patangpuluhan tahun. Wiwitane siji loro warga sing mbukak usaha, amarga asile lumayan tenan warga sakiwa tengene melu melu mbukak usaha. Yen ngepasi asile nelayan akeh kabeh warga sing mbukak usaha nggawe iwak asin iki mepe ing pinggire dalan gedhe. Sakliyane nyebabake kemacetan dalan merga dalan dadi ciut lan yen wayah rendheng nyebabake ambune sing kurang sedep.
Ndeleng kahanan iku Pemerintah desa uga nduweni pemikiran yen para pengrajin iwak asin iku perlu relokasi lan dipapanake ing panggonan khusus kanggo ngolah iwak . Sakliyane nggampangake pemasaran merga dipapanake dadi siji lan uga ora nganggu lingkungan merga ambune sing kurang sedep. Mula Pemerintah Desa Kedungmalang arep ngusulake marang Pemkab Jepara nggaweake panggonan sing mirunggan mujudake sentrane pengrajin iwak asin.
“ Pancen sing dadi kawigatenne pemerintah desa Kedungmalang piye carane usaha kerajinan iwak asin iki ora nganggu lalu lintas lan uga lingkungan. Utamane yen wayah rendeng angel panas iwak iwak iku gondho kurang sedep yen dipepe. Mugo mugo ana solusi ben lingkungane nyaman ora keganggu anane kerajinan iwak asin iki “, kandane Zaropi.
Mbiyen nalika wong sing mbukak usaha nggawe iwak asin iki isih siji loro bab ing nduwur ora dadi masalah. Nanging sakwise dadi akeh pancen nimbulake masalah sing perlu di tangani ben usaha iki tetep mlaku lan ora nganggu lingkungan utawa lalu lintas dalan. Koyo ing panggonan liyane pemerintah nyediyani pangonan khusus kaya ing Demak ana panggonan sentra Pengasapan iwak ing desa Wonosari , Sentra pengasapan iwak ing desa Demaan Jepara lan isih akeh liyane.( Fatkh.M )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar