![]() |
Tugu Mlebu Desa Arupa Iwak lan Kepithing |
Desa Kedungkarang kecamatan Wedung nganti tekan titi wanci
iki mujudake desa sing moncer saka asil laut lan tambak arupa Kepiting bakau
sing wernane ijo. Kepitingiki minangka asil laut sing kalebu larang regane.
Senajan ngono Kepitingiki digoleki sapa wae utamane wong sing seneng marang sea
food utawa masakan saka segara.
Kanggo nudhuhake marang khalayak yen desa Kedungkarang
mujudake desa pengasil kepiting pemerintah desa nggawe gapura mlebu desa arupa
reca utawa patung kepiting. Sakliyane kanggo symbol desa uga kanggo menehi
semangat marang warga desa Kedungkarang sing nduweni profesi mburu kepiting
tambak lan segara.
“ Warga desaku sing nduweni profesi mburu kepiting kurang
luwih ana rong atusan dene pengepul
utawa pedagang kepiting ana sepuluh. Mbiyen jaman aku isih cilik cacahe warga
sing ndeweni pangupa jiwa mburu kepiting ana separone. Saiki wis kurang akeh
merga alih profesi prgaweyaan liyane “, pratelane Muhdi (59) Kades Kedungkarang .
Muhdi Ngandharake Desa Kedungkarang sakliyane gudhanege
pemburu kepiting akeh uga wargane sing nduweni gaeyan dadi bakul utawa pedagang
kepiting .Nganti tekan dinane iki isih akeh wargane sing mnukak usaha adol
tinuku kepiting . Para bakul m nukoni Kepiting saka warga sing
mburu kepiting ing tambak utawa segara. Kepiting sakwise kumpul akeh sakteruse di dol menyang
kutha kutha gedhe kayata Semarang, Surabaya , Solo lan uga tekan Jakarta.
Sakliyane iku ana uga bakul sing teka menyang omahe .
Miturut Muhdi kepiting ijo utawa sokka saka Demak utamane desa Kedungkarang rasane
paling enak dibanding kepiting ijo saka dhaerah liyane. Saenggo saben wektu
pesanan kepiting ijo tansah ndalidir ora ana entekke . Malah kapara kekurangan
dagangan amarga asil kepiting ijo wektu iki ora kaya jaman mbiyen . Habitat
utawa panggonan urip kepiting ijo saya kurang merga kegusur kena abrasi.
“ Kepiting ijo utawa sokka saka tambak Demak rasane paling
enak saengg regane radha larang dibanding Kepiting saka luwar Jawa kaya
Kalimantan lan Sumatera. Najan wujudhe gedhe Kepiting saka luwar Jawa rasane
ana sing kurang “, kandhane Muhdi maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar