Desa Kedungmalang
kecamatan Kedung kabupataen Jepara minangka desa pesisir . Wargane urip saka
segara dadi nelayan lan saben ndina njegur segara ngupaya iwak. Sakliyane iku
akeh uga warga sing mbukak usaha ngasinake iwak .Saenggo wektu iki desa Kedungmalang minangka salah
sawijining desa pemasok iwak asin ing kabupaten Jepara.
Iwak asin saka desa
Kedungmalang saben dinane disetorake manyang pasar pasar tradisional
saindenging Jepara ,Kudus lan uga Demak. Sakliyane ngolah iwak asile para
nelayan ing desa Kedungmalang dhewe . Para pengusaha iwak asin uga kulakan iwak
seger saka desa liyane , kayata saka Pasar iwak desa Kedungmutih ,Panggung lan
uga TPI Jobokutho Jepara.
Salah sawijining
pengusaha iwak asin saka desa Kedungmalang yaiku Mbah Sarbonah (60) warga desa
Kedungmalang RT 02 RW 02 kecamatan Kedung kabupaten Jepara. Dewekke mbukak
usaha p[engolahan iwak asin iki wis ana patangpuluh tahun. Nalika iku dewekke
isih prawan lan ngolah iwak saka asile wong tuwane lan tangga kiwa tengenne.
“ Yen dietung yaw is
luwih saka patang puluh tahun olehku mbukak usaha nggawe iwak asin iki.
Wiwitane yo nyoba nggawe sithik sakteruse dipasare saya suwe bakul sing njaluk
saya akeh dadine panggona usaha diambaake lan kulakan iwak ditambahi “, ngono
pratelane Mbah Sarbonah Marang PS sing sanja ing gudhang pertengahan wulan
Desember iki.
Mangsa patang puluh
tahun nglakoni usaha nggawe iwak asin iki pancen akeh maneka alangan . Nanging
mergo tekun sabar lan tlaten usahane tetep mlaku enggo tekan dina iki.
Sakliyane dilakoni dhewe anggone ngolah iwak ibu Sarbonah nduweni karyawan sing
dibayar kanthi borongan. Karyawan iki ibu ibu saka tangga kiwa tengenne sing
nganggur ora nduwe pagaweyan ing ngomah . Karyawan iki bageyan iris iris lan
uga mepe iwak.
“ Sakliyane tak
lakoni dhewe aku uga dikancani karyawan telu saben dinane . Nanging yen ngepasi
iwak akeh utawa segarane rame aku tambah kanca maneh tekan sepuluh wong sing
ngiwangi ngolah iawak asin “, kandhane Mbah Sarbonah.
Mbah Sarbanonah
ngandharake , anane usaha pengolahan iwak asin ing desa Kedungmalang iki uga
mbiyantu marang para nelayan. Amarga nalika nelayan oleh asil akeh yen ora ana
sing mbukak usaha pengolahan iwak regane dadi mudhun akehutawa murah. Nanging
sakwise warga mbukak usaha pengolahan iwak piro wae asile nelayan bisa
ditampung kanggoi iwak asin.
Iwak Asin Lan Blenyik utawa Tempong
Maneka iwak asin
diolah dening mbah Sarbonah wiwit iwak kembung , kuro , kelapan , layur , payus
, teri lan isih akeh maneh liyane. Sakliyane iku uga nggawe tempong utawa
blenyik yaiku iwak teri sing dikepel cilik cilik sing gedhene rong setin.
Blenyik utawa tempong iki yen wayah rendeng laris banget. Mergo pengolahanne
gampang banget blenyik utawa tempong iki mung dikukusake ing nduwure sego
ubarampene lombok,bawang diiris iris lan wenehi minyak goreng.
Samana uga iwak asin
larise yo ing wayah rendeng nalika segara ombak lan nelayan ora bisa njegur segara
. Kanggo nyukupi kabutuhan lawuh sakteruse iwak asin ditokkake ing pasar pasar
tradisional . Utamane wong dhaerah pegunungan sing adoh saka segara iwak asin
minangka alternative lawuh segara saliyane
danging sapi ,daging ayam ,daging kebo tahu lan tempe. Yen ngonsumsi
daging saben dinane bosen kala kala ya mangan lawuh iwak asin.
“ Panjaluke pasar ing
produk iwak asin iki ora ana sepine . Saenggo yen ana iwak terus tak molah dadi
iwak asin, Yen ora payu dak simpen sakwatara ing gudhang. Nalika wayah rendeng
mesti payune . Bakul bakul iwak ing pasar tradisional nggoleki iwak asin lan
blenyik “, ujare Mbah Sarbonah maneh .
Miturut Mbah
Sarbonah, saiki sakliyane dewekke ana
puluhan warga desane sing uga mbukak usaha usaha nggawe iwak asin . Saenggo
desa Kedungmalang saiki mujudake sentrane usaha pengolahan iwak asin. Ibu ibu
sing mbiyenne ora nduwe kegiatan ing ngomah wektu iki entuk pengasilan tambahan
saka usaha nggawe iwak asin. Yen wayah panas lan asil iwak sehara akeh sak
dalan dalan warga mepe iwak .
Ning yakuwi merga
durung ana papan kanggo mepe sing mirunggan . Warga sing mepe iwak ing dalan
lan saweneh panggonan ngganggu lalu
lintas lan uga ambune kurang sedep. Kanggo ngawekani mau Ibu Sarbonah sakanca
usul marang pemerintah digaweake papan kanggo mepe iwak sing diasinke. Saenggo
warga ora mepe ing sapinggiring dalan maneh. Sakliyane iku yen para bakul utawa
wong sing kepengin tuku iwak asin panggonane dadi siji.
“ Panjalukke marang
pemerintah mbok digaweake papan khusus kanggo kegiayatan pengolahan iwak asin
iki. Saenggo aku sakanco sing nduweni usaha nggawe iwak asin iki bisa nyawiji
dadi siji lan ora ngganggu lingkungan utamane lalu lintas merga akeh akehe
warga nggawe pemeyan iwak ing pinggire dalan gedhe “,ngono panjaluke Mbah
Sarbonah.
Mbah Sarbonah
ngandharake , nduweni usaha nggawe iwak asin iki kudu tekun lan telaten. Wiwit
tuku iwak ing pasar terus diresiki
diuyahi lan uga di wenehi uyah . Sakteruse dipepe sing bener bener
garing ben kualitase apik. Merga yen kualitase apik dimasak dadi enak rasane .
Kanggo njaga kualitas senajan ana karyawan sing mbiyantu , dewekke tetep
ngawasi ben asile ora gawe gelane konsumen sing tuku iwaak asin saka dewekke
“ Alhamdulillah saka
usaha nggawe iwak asin iki aku bisa Umroh neng tanah suci , nyekolahake anak ,
ngomah omahake anak lan isih akah maneh liyane. Pokoke yen kepingin usahane
lancar resepe kudu tekun laan tenanan lan aja bosenan “, kandhane Mbah Sarbonah
maneh.
Zaropi perangkat desa
Kedungmalang kecamatan Kedung marang PS ngandharake , usaha pengolahan iwak
seger dadi iwak asin iki pancen wis ana patangpuluhan tahun. Wiwitane siji loro
warga sing mbukak usaha, amarga asile lumayan tenan warga sakiwa tengene melu
melu mbukak usaha. Yen ngepasi asile nelayan akeh kabeh warga sing mbukak usaha
nggawe iwak asin iki mepe ing pinggire dalan gedhe. Sakliyane nyebabake
kemacetan dalan merga dalan dadi ciut lan yen wayah rendheng nyebabake ambune
sing kurang sedep.
Ndeleng kahanan iku
Pemerintah desa uga nduweni pemikiran yen para pengrajin iwak asin iku perlu
relokasi lan dipapanake ing panggonan khusus kanggo ngolah iwak . Sakliyane
nggampangake pemasaran merga dipapanake dadi siji lan uga ora nganggu
lingkungan merga ambune sing kurang sedep. Mula Pemerintah Desa Kedungmalang
arep ngusulake marang Pemkab Jepara nggaweake panggonan sing mirunggan mujudake
sentrane pengrajin iwak asin.
“ Pancen sing dadi
kawigatenne pemerintah desa Kedungmalang piye carane usaha kerajinan iwak asin
iki ora nganggu lalu lintas lan uga lingkungan. Utamane yen wayah rendeng angel
panas iwak iwak iku gondho kurang sedep yen dipepe. Mugo mugo ana solusi ben
lingkungane nyaman ora keganggu anane kerajinan iwak asin iki “, kandane
Zaropi.
Mbiyen nalika wong
sing mbukak usaha nggawe iwak asin iki isih siji loro bab ing nduwur ora dadi
masalah. Nanging sakwise dadi akeh pancen nimbulake masalah sing perlu di
tangani ben usaha iki tetep mlaku lan ora nganggu lingkungan utawa lalu lintas
dalan. Koyo ing panggonan liyane pemerintah nyediyani pangonan khusus kaya ing
Demak ana panggonan sentra Pengasapan iwak ing desa Wonosari , Sentra
pengasapan iwak ing desa Demaan Jepara lan isih akeh liyane.( Fatkh.M )